CONTOH PIDATO LAMARAN BAHASA JAWA

1. Aturipun ingkang kagungan Dalem (wakilipun).

Assalamu'alaikum Wr. wb.

Alhamdulillahilladzi hadaanaw lihaadzaa wa maa kunnaa linahtadiya laulaa an hadanallah. Asyahadulla ilaha illallah wa asyhadu Anna Muhammadan 'abduhu wa rosuluh, Allahumma sholi wa sallim 'alaa Rosulullah wa Alaa alihi wa ashabihi wa mantabi'ah, Amma ba'du.

Nuwun, dumateng panjeneganipin bapak bapak duta sarana ingkang minulya, para lenggah ingkang dahar kinurmatan.

Keparenga Kulo ngaturaken kasugengan Awit saking rawuh panjenengan sedoyo wonten ing dalemipun bapak...... .sekalian, Sak lajengipun sumangga kasekecakna lenggahipun kanthi mardikaning penggalih. Sak derengipun wigatining papanggihan dipun purwakani, sumangga langkung rumiyin sasarengan ngagungaken asma dalem Allah SWT Kanti maos : "bismillahir rohmanir Rohim"

Matur nuwun.

Saklajengipun, wekdal sakcekapipunkulo sumanggakaken dunateng bapak bapak tamu duta sarana, keparengo paring pangandikan Munggah wigatising rawuh panjenengan sami. Sumangga.

2. Aturipun duta saraya.

Alhamdulillahi robbil'alamin. Wa bihii nasta'inu 'alaa umuuriddunya wad diin. Ash sholaatu was salaamu 'alaa khotamil an biyaa'i wal Mursalin, sayyidina Muhammadin wa 'alaa aalihii wa ash habihii ajma'iin. Wa ba'du.

Kasugengan, Rahmat Saha berkah dalem Allah ingkang maha asih, Mugi tansah kajiwa kasariro dening para lenggah ingkang minulya.

Nuwun, dumateng panjenenganipun bapak........sekaliyan Saha bapak......ingkang kepareng amakili, tuwin para rawuh ingkang dahar kinurmatan.

Inggih saking panguwaos dalem Allah SWT, Saha pikantuk Pangestu panjenengan sami, sowan Kulo sak konco wonten ngarsanipun bapak... Sekaliyan

  

Komentar

Postingan Populer