PEMBAWA ACARA TAHLILAN BAHASA JAWA
Alhamdulillahirobbil'alamin, assholatuwassalamu 'alaa asyrofil wal mursalin, sayyidina wa maulana Muhammadin wa alaa alihi wa ashabihi ajma'iin, ammaba'du
Dumateng ngarsanipun poro pinisepuh, sesepuh, ingkang satuhu pantes kinabekten
Dumateng ngarsanipun simbah kaum kekalih ingkang tangsah kito dereki
Dumateng ngarsanipun bapak RT
Lan ugi dumateng ngarsanipun poro bapak ibu sedoyo poro asung pambelo sungkowo ingkang tansah kinurmatan
Mboten Kesupen ugi kadang murdo mudo ingkang suka basuki
Langkung rumiyin sumonggo kito tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring mapinten_pinten kenikmatan, nikmat ingkang arupi nikmat iman,sehat, satemah kulo lan panjenengan sedoyo saget rawuh, saget nderek belo sungkowo awit sedanipun (fulan). Mugi-mugi tindak lampah kito sedoyo tansah pikantuk barokah saking Allah SWT.
Sholawat soho salam ugi tansah katetepno dumateng junjungan kito panutan kito nabiullah Nabi Muhammad SAW ingkang tansah kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah sak mangke.
Dumateng ngarsanipun poro lenggah asung pambela sungkowo ingkang kinurmatan, minangkani punopo ingkang dados atur panuwonipun bapak (fulan) ,kulo badhe derekaken lampahipun adicoro pinuwunan wonten ing wedal dalu puniko.
Ananging sakderenge kawiwitan, mbokbilih anggen kulo derekaken lampahipun adicoro wonten ing wedal dalu meniko pinanggih lepat, estu kawulo pribadi namung nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.
Sakderenge adicoro kawiwitan, keparengo kulo ngaturaken menggah urut-urutan nipun adicoro wonten ing wedal dalu meniko
1. Ingkang sepisan injeh meniko pambuko
2. Kaping kalih atur pambagyo harjo saking keluargo bapak (fulan) ing sak mangke kito suwunaken dumateng ngarsanipun bapak (fulan)
3. Adicoro ingkang ongko tigo inggeh meniko waosan kalimah thoyyibah tahlil, ingkang sakmangke kito suwunaken dumateng ngarsanipun mbah kaum (....),
4. Lan adicoro ingkang pungkasan inggih meniko panutup
Mekaten menggah urut-urutaning adicoro wonten ing wedal dalu meniko
Dumateng ngarsanipun poro bapak lan ugi sedoyo poro lenggah ingkang tansah kinurmatan , monggo adicoro wonten ing dalu puniko kito purwakani kanthi maos basmallah kanthi kulo derekaken (bismillahirrohmaanirrohiim).
Matur nuwun, mugi kanthi maos basmalah kolo wa sageto nglancaraken adicoro pinuwunan wonten ing wedal dalu puniko.
Adicoro ingkang ongko kalih inggeh meniko atur pambagyo harjo saking saking keluargo bapak (fulan) ,kito suwunaken dumateng ngarsanipun bapak (fulan) , wedal sumonggo katur sak kecapipun.
........(sambutan tuan rumah).......
Kito aturaken matur nuwun dumateng ngarsanipun bapak (......) ingkang sampun minangkani punopo ingkang dados atur panuwunipun bapak (....)
Dumateng ngarsanipun poro bapak lan ugi sedoyo poro lenggah ingkang tansah kinurmatan,
Adicoro ingko ongko tigo inggih meniko waosan kalimat thoyyibah tahlil, kito suwunaken dumateng ngarsanipun simbah kaum simbah (...). Wedal sumonggo katur.
......(tahlilan).....
Kito aturaken agunging panuwun dumateng ngarsanipun simbah kaum kekalih ingkang sampun derekaken lampahipun waosan kalimat thoyyibah tahlil wonteng wedal dalu meniko.
Dumateng ngarsanipun poro bapak lan ugi poro lenggah ingkang kinurmatan, sakderengipun adicoro kito lajengaken, adicoro sumene sak wetawis...
.......(istirahat).....
Dumateng ngarsanipun poro bapak lan ugi poro lenggah ingkang kinurmatan, monggo-monggo kito lajengaken
Adicoro ingkang pungkasan inggih meniko panutup. Ananging sakderengin dipun tutup mbok bilih anggen kulo nderekaken lampahing adicoro wonten ing wedal dalu meniko pinanggih lepat, estu saking pribadi kulo, kulo nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.
Monggo pepanggihan adicoro wonten ing wedal dalu meniko kito pungkasi kanthi maos tahmid (alhamdulillah). Saking kulo kathah lepatipun nyuwun pangapunten.
Wassalamu'alaikum Wr.wb.


Komentar