MC PAGELARAN REOG VERSI BAHASA JAWA
Assalamu’alaikum Wr. Wb. Kawilujengan, kasarasan, soho karahayon saking gusti Allah ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwo kasariro dhumateng kito sedoyo. Para pepunden, para sesepuh, soho poro pinisepuh ingkang dhahat kinabekten. Ingkang kinurmatan, panjenenganipun Bapak Wakil Bupati Bantul (Bp. Aris Suharyanto, S.Sos., M.M.) Ingkang kawulo hormati, Bapak Panewu Kecamatan Pandak (Bp. Nanang Dwi Atmoko, S.Sos.) Ingkang kawulo hormati, Bapak Lurah Desa Gilangharjo (Bp. Drs.H. Pardiyono) Ingkang kawulo hormati, Bapak Ketua Desa Budaya Gilangharjo (Bp. Supriyanto, S.E.) Ingkang kawulo hormati Bapak Dukuh Ngaran (Bp. Alim Sutopo) soho Pak RT, sumrambah poro tamu kakung miwah putri ingkang mboten kawulo sebat setunggal mboko setunggal. Minangka purwakaning atur, sumonggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarsanipun gusti Allah ingkang Moho Kuwaos, ingkang dumugi titi wanci meniko tasih kepareng paring nugroho, kawilujengan, kenikmatan dumateng kul...








