MC PAGELARAN REOG VERSI BAHASA JAWA
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kawilujengan, kasarasan, soho karahayon saking gusti Allah ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwo kasariro dhumateng kito sedoyo.
Para pepunden, para sesepuh, soho poro pinisepuh ingkang dhahat kinabekten.
Ingkang kinurmatan, panjenenganipun Bapak Wakil Bupati Bantul (Bp. Aris Suharyanto, S.Sos., M.M.)
Ingkang kawulo hormati, Bapak Panewu Kecamatan Pandak (Bp. Nanang Dwi Atmoko, S.Sos.)
Ingkang kawulo hormati, Bapak Lurah Desa Gilangharjo (Bp. Drs.H. Pardiyono)
Ingkang kawulo hormati, Bapak Ketua Desa Budaya Gilangharjo (Bp. Supriyanto, S.E.)
Ingkang kawulo hormati Bapak Dukuh Ngaran (Bp. Alim Sutopo) soho Pak RT, sumrambah poro tamu kakung miwah putri ingkang mboten kawulo sebat setunggal mboko setunggal.
Minangka purwakaning atur, sumonggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarsanipun gusti Allah ingkang Moho Kuwaos, ingkang dumugi titi wanci meniko tasih kepareng paring nugroho, kawilujengan, kenikmatan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sahinggo ing wedal puniko kito saget makempal wonten ing adicoro Pentas Seni Reog Taruna Budaya , soho halal bihalal Syawalan kanthi kawontenan sehat wal afiat.
Wonten ing swasono dinten riyoyo puniko, keparengo kawulo minangko sesulih saking Panitia, ngaturaken Sugeng Riyadi, Taqobbalallahu minna wa minkum. Nyuwun Pangapunten sedoyo kalepatan lahir lan bathos.
Para rawuh kakung miwah putri ingkang minulyo, keparengo kito minongko pranoto adicoro ingkang kapiji nderekaken titi laksananing adicoro, badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicoro ingkang badhe kalampah wonten ing enjang meniko:
Adicoro ongko sepisan inggih pambuko.
Kalajengaken adicoro ingkang ongko kalih, inggih atur pambagyo harjo sekalian sambutan saking ketua desa budaya gilangharjo, ingkang sakmangke kito suwunaken dumateng Bp. Supriyanto, S.E.
Adicoro ingkang ongko tigo, inggih sambutan saking pemerintah setempat, ingkang sakmangke kito suwunaken dumateng Bapak Lurah Desa Gilangharjo (Bp. Drs. H. Pardiyono)
Adicoro ingkang ongko sekawan, sambutan saking bapak kapanewon Pandak (Bp.Nanang Dwi Atmoko, S.Sos.)
Adicoro ingko ongko gangsal injeh, sambutan saking Bapak Wakil Bupati Bantul, Bp. Aris Suharyanto, S.Sos., M.M., kalian ing sakmangke penyerahan Nomor Induk Kesenian soho pemotongan Tumpeng
Adicoro ingkang terakhir inggih meniko panutup- kalajengaken pentas kesenian Reog Taruno Budoyo
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten menggah urut reroncening titi laksono adicoro pentas kesenian reog wonten ing siang puniko.
Awit saking meniko, monggo kito bikak adicoro meniko kanthi waosan do’a menggah keyakinan piyambak-piyambak. Ingkang ngrasuk agimi islam kawulo derekaken maos basmallah sareng-sareng, sumonggo ....(bismillah....)
Matur nuwun, mugi kanthi waosan do’a, kulo lan panjenengan sedoyo ndadosno lancaripun adicoro ing wekdal puniko.
Adicoro ingkang ongko kalih, atur pambagyo harjo soho sambutan saking Ketua Desa Budaya Gilangharjo. Dumateng Bp. Supriyanto,S.E. , wedal pangandikan kulo sumanggakaken
<<<<<<sambutan>>>>>>
Dumateng Bp. Supriyanto, S.E. kito aturaken matur nuwun
Kalajengaken adicoro ingkang ongko tigo, inggih meniko sambutan saking pemerintah setempat, dumateng Bapak Lurah Desa Gilangharjo (Bp. Drs. H. Pardiyono), wedal pangandikan kawulo sumanggakaken
<<<<sambutan>>>>>>
Kito aturaken agunging panuwun dumateng bapak Lurah
Ndungkap adicoro ingkang ongko sekawan nun inggih , sambutan saking bapak panewu kecamatan Pandak, dumateng bapak Nanang Dwi Atmoko, S.Sos., kawulo sumanggakaken
<<<<<<sambutan>>>>>>
Kito aturaken agunging panuwun dumateng bapak panewu Pandak
Adicoro ingkang ongko gangsal inggih Sambutan saking Wakil Bupati Bantul sekalian ing sakmangke penyerahan Nomor Induk Kesenian soho pemotongan tumpeng.
Dumateng panjenenganipun bapak Aris Suharyanto,S.Sos. M.M. , kawulo sumanggakaken
<<<<<<<sambutan>>>>>
Kito aturaken agunging panuwun dumateng bapak wakil bupati bantul
Ingkang saklajengipun tumapak ing titi laksana ingkang terakhir injih pentas kesenian Reog Taruna Budaya.
Anamung, sakderengipun pentas kesenian reog kawiwitan, kulo sak konco minongko sesulih saking segenap panitia ngaturaken matur nuwun dumateng poro panyengkuyung soho sponsor ingkang sampun paring pambiyantu materi soho tenogo kagem lampahing adicoro meniko, mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pikantuk piwales ingkang sae saking gusti Allah ingkang moho kuwaos.
Mugi-mugi adicara punika saged nambahi paseduluran lan semangat kita njagi warisan leluhur. Mekaten reroncening adicara sampun lumampah kanthi rancag. Kawula minangka pranatacara, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur saha tindak-tanduk ingkang mboten mranani panggalih, kawulo nyuwun agunging pangaksami.
Bilahi taufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Sumangga kita persani pentas kesenian reog taruno budoyo sesarengan.....



Komentar